Header Ads

Header ADS

Kultum Jawa: Nggayuh Urip Kang Berkah ing Wulan Berkah


Nggayuh Urip Kang Berkah ing Wulan Berkah

Dr. Abu Zakariya Sutrisno

Anggota Majelis Tabligh PDM Sukoharjo

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى رَسُولِ اللَّهِ ﷺ

Para sepuh pini sepuh ingkang kinurmatan, bapak-bapak, ibu-ibu, mas-mas, mbak-mbak, saha adik-adik sekalian, sedaya jamaah Masjid... ingkang dipun rahmati Gusti Allah .

Alhamdulillah, dalu punika kita sedaya taksih kaparingan nikmat iman lan sehat, saengga saged nglaksana’aken shalat Isya’, tarawih, lan witir kanthi berjamaah. Mboten kraos, sampun mlebet malem nopo dalu kapitu, tegesipun Ramadhan sampun lumampah seminggu. Mugi-mugi sedaya amal ibadah ingkang sampun kita tindakaken dipun tampi dening Gusti Allah minangka amal kesaenan lan dipun ganjar pahala ingkang ageng. Aamiin.

Kula ugi ndedonga, mugi sedaya jamaah Masjid..., warga saha masyarakat Kampung... umumipun, tansah dipun paringi kesehatan, kelapangan, lan keberkahan dening Gusti Allah , saengga saged istiqamah nglampahi ibadah ngantos pungkasanipun wulan Ramadhan. Aamiin, aamiin ya Rabbal ‘alamin.

 

Jamaah ingkang kinurmatan,

Ing kultum cekak punika kula mboten badhe ngrembag ingkang rumit-rumit, utawi dawa-dawa. Mboten. Cekak lan aos kemawon, babagan berkah. Kados pundi caranipun supados gesang kita saged dados berkah?

Kita asring mireng tembung “berkah”, “mugi berkah”, “Ramadhan wulan berkah”, “syahrun mubarok”. Rasulullah nate ngendika:

قَدْ جَاءَكُمْ رَمَضَانُ، شَهْرٌ مُبَارَكٌ...

Tegesipun: “Sampun rawuh dhateng panjenengan wulan Ramadhan, wulan ingkang mubarok (kebak berkah).”

Berkah punika dhasaripun kebahagiaan gesang. Kathah tiyang kagungan bandha kathah nanging boten tentrem. Omah ageng, kendaraan kathah, nanging gesangipun mumet kebak masalah. Ugi wonten tiyang ingkang umure dawa, nanging kirang amalipun. Mula ingkang kita butuhaken mboten namung kathahipun bandha utawi dawanipun umur, nanging gesang ingkang berkah — gesang ingkang kebak manfaat lan dipun ridhai Allah .

 

Makna Berkah

Tegesipun berkah punika tetepipun kesaenan, kathahipun, ngrembakanipun, lan kelanggenganipun. Asalipun saking akar kata بَرَكَ ingkang ngemot makna:

الثبوت (tetep lan kukuh)

الزيادة (tambah)

النماء (ngrembaka)

Dados berkah punika kesaenan ingkang tetep, saya nambah, lan maringi manfaat ingkang langgeng. Mboten namung kathah jumlahipun, nanging kathah manfaatipun.

Tuladha:

• Bandha sekedhik nanging cekap lan tentrem → punika berkah.

• Umur mboten dawa nanging kebak amal → punika berkah.

• Ilmu sekedhik nanging dipun amalaken → punika berkah.

Cekakipun, berkah punika kesaenan saking Gusti Allah sekedhik ingkang dipun tambah lan dipun lestantunaken manfaatipun.

Sakmenika, kados pundi kiatipun supados gesang kita saged berkah?

Sepisan: Ngleresaken Niat

Rasulullah ngendika:

إِنَّمَا الأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ

Sakabehing amal gumantung marang niate.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Ing wulan Ramadhan kathah amal kesaenan ingkang saged kita tindakaken, kados siyam, shalat, sedekah, lan sanesipun. Nanging sedaya punika wonten syaratipun, inggih punika niat ingkang lurus, iman, lan ngarep-arep ganjaran saking Allah . Menika nedahaken sepinten wigatosipun niat ingkang leres. Niat ingkang lurus saged ndadosaken amal dados berkah. Mboten namung babagan ibadah, nanging ugi sedaya urusan gesang. Tuladhanipun, nalika mbangun griya, menawi niatipun amargi Allah lan kangge kabecikan kulawarga, sanes kangge pamer, insyaAllah gesangipun dados berkah. Katerangan: Amal ingkang sami, pahalanipun saged benten amargi niatipun benten. Tiyang kalih sami tarawih, nanging ingkang setunggal niatipun amargi Allah , ingkang sanesipun namung melu-melu. Ingkang ikhlas bakal pikantuk berkah langkung ageng.

Conto: Makarya pados nafkah menawi dipun niataken kagem ibadah lan nyekapi keluarga, insyaAllah dados amal lan berkah.

 

Kalih: Nyaket Kaliyan Al-Qur’an

Allah ngendika:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ

Sasi Ramadhan iku sasi tumuruning al-Qur’an, minangka dadi pituduh marang para manungsa.” (QS Al-Baqarah: 185)

Katerangan: Al-Qur’an punika sumber berkah. Omah ingkang wonten swara tilawah, manah tiyang wonten saklebetipun langkung tentrem.

Conto: Saben dinten netepaken target maos setunggal juz utawi setunggal lembar kanthi istiqamah, mboten namung maos nanging dipun pahami lan dipun amalaken.

 

Tiga: Kathah Doa lan Istighfar

Allah ngendika:

وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌ ۖ أُجِيبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ إِذَا دَعَانِ

Lan nalikane para kawulaningsun padha matur marang sira (Muhammad) nyuwun pirsa bab sariraningsung, satemene Ingsun iku cedak. Ingsun maringi panyuwune wong kang padha nyuwun, nalikane kalwulangingsun mau padha nyuwun marang Ingsun.” (QS. Al Baqarah [2]: 186)

Katerangan: Dosa saged ngalangi berkah. Istighfar punika ngresiki ati lan mbukak lawang rezeki.

Conto: Saben rampung shalat, biasakna istighfar lan ndedonga khusus kagem keluarga, usaha, lan kesehatan.

 

Sekawan: Remen Berbagi lan Sedekah

Hadits riwayat Ibnu Abbas: “Rasulullah langkung dermawan nalika Ramadhan.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Katerangan: Sedekah punika magnet berkah. Bandha ingkang diparingake mboten suda, malah tambah berkah.

Conto: Nyisihaken sebagian rezeki saben dinten kagem takjil, santunan yatim, utawi bantu tangga tepalih ingkang kesulitan.

 

Gangsal: Nambah Amal Rahasia

Rasulullah nyebataken: wong sing sedekah kanthi sembunyi-sembunyi kalebu wong sing dipun lindhungi Allah. (HR. Bukhari lan Muslim)

Katerangan: Amal rahasia langkung ikhlas lan langkung kuat nambah berkah.

Conto: Shalat tahajud nalikanipun tiyang sanes sare, sedekah tanpa dipun umumaken, utawi paring pambyantu tiyang sanes tanpa nyebut nami.

 

Panutup

Jamaah sekalian, gesang berkah punika mboten namung kathahipun nikmat, nanging manfaat lan ketentremanipun. Menawi Ramadhan ndadosaken kita langkung ikhlas, langkung caket kaliyan Al-Qur’an, langkung kathah ndedonga, lan langkung remen berbagi, punika tandha berkah engkang saestu.

Mugi Allah tansah maringi berkah dhateng gesang, keluarga, lan amal kita sedaya. Aamiin ya Rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar

Gambar tema oleh Deejpilot. Diberdayakan oleh Blogger.