Ikrar Halal Bi Halal
IKRAR HALAL BI HALAL
Ustadz Sarwanto, S.Ag.
Ketua Majelis Tabligh PCM Blimbing
Daerah Sukoharjo, Kepala MI Muhammadiyah Wonorejo
أَعُوذُ
بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
بِسْمِ
اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ
أَشْهَدُ
أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللَّهِ
أَسْتَغْفِرُ
اللَّهَ الْعَظِيمَ (3×)
Ing
dinten riyoyo Idul Fitri 1447 H meniko, kulo ngaturaken sugeng riyadi, mugi
tentreming manah tansah pinaringan saking Allah ﷻ.
Selajengipun
kulo nglenggono, bilih kulo minongko titah manungso, ingkang gesang wonten ing
alam donyo meniko, tartamtu kathah salah lan kathah doso dumateng panjenengan
sedoyo.
Pramilo
wonten ing kesempatan meniko, menawi kulo gadah salah lan gadah doso ingkang
kasenggoyo utawi mboten dipun senggoyo, kanthi tandesing manah, kawulo nyuwun
pangapunten dumateng panjenengan sedoyo.
Semanten
ugi menawi panjenengan sedoyo gadah salah lan gadah doso dumateng kawulo,
wonten ing kesempatan meniko kanthi ikhlasing manah kulo caosi pangapuro,
mugi-mugi Allah ﷻ paring
pangapunten tumrap sedoyo salah lan doso kulo dalah panjenengan sedoyo.
تَقَبَّلَ
اللَّهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ
Mugi-mugi
Allah ﷻ nampi amal ibadah kulo soho
panjenengan sedaya.
جَعَلَنَا
اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِينَ وَالْفَائِزِينَ
Mugi-mugi
Allah ﷻ ndadosaken
kulo lan panjenengan sedaya kalebet tiyang-tiyang engkang wangsul dumateng
kesucian lan kalebet tiyang-tiyang engkang pikantuk kemenangan.
Aamiin.

Tidak ada komentar